Eden
seng absen e 27 lungguh karo Grey seng absen e 28, Grey kuwi arek seng pinter
pisan nanging ora nganggep awake seng paling pinter. Saben wektu Grey takok
perkara pelajaran nang Eden, Eden mesti njawab “mosok koyok ngono ae gaiso”,
padahal asline Grey iku iso nanging mek pingin mastikno tok.
Pas dino
rabu onok ulangan sosiologi, Eden ga sinau blas amarga Eden wes percaya diri
lek awake iku iso lan bakal entuk nilai paling apik sak kelas. Akhire sawise
mari ulangan Grey takok nang Eden “Ed, awakmu iso a mang ulangan e?”. Eden
njawab “iso lah, gampang pol”. 2 dino kepungkur nilai ulangan sosiologi seng
dino rabu kuwi diwocoake, arek-arek absen 1 sampe 26 nilaie mung 60 - 80 an,
nanging Eden oleh 90. Eden wes seneng lek awake nilai e paling apik, nanging
dadakno Grey oleh nilai 97, Eden seng wes kadong seneng akhire kecewa.
Eden ga
terimo nilai e dikalahno Grey. Akhire Eden ngefitnah Grey, arek e ngomong lek
Grey iku nyontoh dek e, Grey seng heran kenopo dek e kok difitnah koyok ngono
akhire takok nang Eden “Ed, kenopo awakmu kok ngefitnah aku?”, Eden njawab “lha
awakmu loh mesti lek pas wayahe pelajaran takok takok nang aku, lha kok iso aku
seng mesti awakmu takok i iki malah entuk nilai seng luwih elek timbang
awakmu?”. Akhire Grey njelasno lek awake iku asline wes paham nanging mek
pingin mastikno tok. Grey njelasake pisan lek awake sinau keras cek iso entuk
nilai apik.
Eden
akhire sadar marang kesombongane, dek e sadar yen ga kabeh arek ndek kelas iku
luwih bodoh timbang arek e. Akhire Eden wes gatau sombong maneh, lan dek e
sinau keras agar iso ngalahno Grey.
Garda Yudha N
(14)
M. Faruq Azhar
H.E. (19)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar