Ryan karo Denok

Sakwijining dina ana ryan, murid sing sugih nanging seneng nyolong. Ryan iki murid sing apik, alus, akeh seng nyenengi. Ryan nduweni kanca cedek sing jenenge denok. Denok wong e cilik, lucu, unyu, pinter, lan suabar ngancani ryan. Isuk isuk sakdurunge melebu sekolah, ryan nyusul denok baringono budal sekolah. Loro karone podo seneng nang sekolah. Arek loro kuwi, senengane lungguh jejer ning kelas masio wis dikongkon pindah. Arek loro iki sering di cing perkara guyon terus ning kelas. Awan iku, ryan nggudo denok, ryan nyingitno tas e denok.
Denok wis bingung nggupuhi sak kelas. Ryan ngguyu kekel, moro ryan ngaku lek ryan sing nyingitno tas e. denok wis mari purik. Baringono ryan sing bingung golek hp ne. ryan langsung mikir sing nyigitno pasti denok. Ryan muring muring ning denok, nanging denok ora ngerasa nyingitno dadi denok melok ngamuk pisan ning ryan. Loro karone pada ngamuk e, kelas e dadi rame ukara arek loro kuwi tukaran.
Denok langsung pindah lungguh e ning jejer e atika, denok purik moro curhat nang atika lek pegel nemen ning ryan. Denok sampek nangis nemen, dee mikire ryan wis kaya kanca plek e dek e. lha kok tibake nuduh nyingitno hpne padahal denok yo ora tau ngotak atik tas e ryan. Ora denok tok sing pegel, ryan pisan pegel soale dek e yakin pasti denok sing nyingitno. Ryan mikir ning endi hpne.
Ryan mangkel lan sedih. Ryan gak nyongko yen kanca cedek e nyingitno hpne terus ora ngaku. Ryan temenan ngamuk ning denok. Ryan wis ora isa nahan nangis, deweke brabak. Ryan mara arep nelpon umik e arep ngadu nanging lali nek hpne ilang. Sak kelas bingung kabeh, kelas e dadi kebagi 2 golongan. Ana sing bela denok, ana sing bela ryan. Kanca kanca e pada melok musuhan pisan.
Suasana kelas e wis ora penak, kabeh pada omong omongan. Pas mulih sekolah, denok mulih dewe. Ryan yo kesusu mulih. Ryan ning omah langsung ngadu umik e, ryan ketok mangkel nemen. Umik e mek prihatin lan ora percoyo denok kaya ngono. “umiiiikkk….. hp ku di singitno denok, tapi bocah e ora ngaku” ryan ngadu nang umik. Umik e nyabarno ryan soale ryan wis nangis.

Pas ryan melebu kamar, ryan ndelok hpne nggeletak ing Kasur e. ryan seneng lan ngguya ngguyu dewe. Tapi areke ngerasa bersalah marang denok soale nuduh denok sampek nangis. Ryan nelpon denok tapi ora diangkat terus. Ryan bingung mikirno denok. Sisuk e ryan nyusul denok ning omahe tapi jare ibuke denok, denok e wis budal. Pas ndek sekolah ryan nemoni denok gawe njaluk sepura.
Nanging denok mek meneng wae. Ryan tambah bingung marang sikap e denok sing kaya ngono. Ryan sedih dewe. Denok ajakno yo sedih pisan, tapi denok sik mangkel nemen nang ryan. Denok dadi ngelamun terus, denok yo kangen guyon karo ryan. Pas mulih sekolah, denok mlaku dewe. Pikiran e kosong, dek e mikirno ryan pisan. Denok mlaku karo ngelamun, mara mara teka arah mburine ana wak henri nguebut terus moro nabrak denok.
Denok lugur, loro kabeh, denok nangis soale ndek kono akeh uwong tapi ora ana sing nulungi. Ryan ndelok kejadian iku, mara langsung gendong denok sing wis pingsan. Ryan sedih nemen ndelok denok kaya ngono. Apa maneh denok gak tangi tangi padahal wis bengi. Bengine denok tangi, mara kaget tibake ryan sik ngenteni. Denok dadi terharu marang ryan, denok dadi mikir tibake ryan sik gelem nulungi denok. Dek e nyesel tau ora peduli lan ora gelem menehi sepura marang ryan. Akhire arek loro kuwi pada ngerteni yen kabehe salah podo salah lan dheweke arep niat apikan maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar