Getun


Brumm…!!
Diza ng-starter sepedha motore. Knalpote muni banter, kaya ana krikil ing njerone. Sepedha motor iku dijagrak tengah. Diza banjur ninggal motor kesayangane iku, lungguh ana bangku tekan pring. Diza ngetokake HP-ne. Drijine sing dowo katon mitet-mitet tombol sing ana. Mripate rana-rene maca sing ana ing layar HP-ne. Diza mitet-mitet tombol maneh banjur ngadek tekan lungguhe. Dheweke marani motor sing lagi dipanasi iku.
Awake kuru, nanging dhuwur. Tangan lan sikile uga dowo. Diza iku bocah tekan Buring sing urip karo kaluwargane: bapak, ibu, lan adhine sing isih rong taun. Masalah ekonomi kaluwargane maraknakake debat antara ibu lan bapake ora jarang kedaden ing omah cilike.
Diza dhisik bocah sing manut lan ora neko-neko. Dheweke biyen sekolah tekan SMP kelas siji. Amarga kondisi ekonomi kaluwargane sing ora mampu mbiayani sekolahe Diza maneh, kepeksa Diza putus sekolah lan ngrewangi wong tuane nggolek dhuwit.
Diza sing saiki 16 taun mulai sumpek karo kahanan kaluwargane. Dhuwit kasil nyambut gawene petang taun sing ditabung akhire digawe tuku sepedha motor saben isuk Diza panasi iki. Sepedha motor sing digawe Diza ing balapan-balapan liar cedhak kampunge. Sepedha motor sing sering digawa Diza menyang bengkel gawe di-set ora kaya asline: kaca spion ora dipasang, knalpot diganti, lan liyane.
Sawise panas, Diza mateni motore. Diza mlebu omah. Bapake wis budhal nyambut gawe, ibune lagi ngumbah klambi, adhine dilungguhna ana dengklek cilik ing cedhake Si Ibu.
“Bu, ora ana panganan ta?” Swara abote Diza nakoni ibune.
“Ya kaya biasa, Le. Sego karo tempe wae anane. Iku yen arep mangan, ana ing meja lawuhe,”wangsul ibune.
Ora ngomong opo-opo Diza mlaku njupuk piring, banjur njupuk sego lan tempe. Diza mlaku arep menyang njaba maneh, nanging pitakone ibune marakna dheweke mandhek.
“Dhek wingi nang endi maneh, Diz? Mulih kok bengi banget.”
Ora jarang Diza mulih bengi. Mripate sing ana bunderan ireng ing ngisore buktine. Sakdurunge iki Diza wis bolak-balik mulih bengi. Ibune nggih mesti tanglet. Nanging Diza mesti wangsuli,”Dulin, Bu.”
Banjur mlaku maneh menyang ngarep omahe panggon motore didhekek. Piring sing ana ing tangane didheleh ana bangku pring. Diza ngetokake HP-ne maneh. Sawise mbalesi SMS sing mlebu iku, dheweke mangan panganan sing digawane tekan njero.
***
Aku Ryan. Yen awakmu wani, ayo paranana aku ndek lapangan panggonmu lan kanca-kancamu balapan mari Ashar. Aku karo awakmu, sapa sing luwih cepet.

Aku ora wedi! Ayo!
***
Diza wis ana ing lapangan panggon Ryan nantang dheweke balapan. Sepi, Ryan durung teka. Diza ninggalake motore, dheweke mlaku menyang warung cilik pinggir lapangan arep tuku ombean.
Ryan iku bocah Bratan sing seneng balapan, padha karo Diza. Nanging Ryan iku anake wong sugih. Motore apik-apik, jelas dheweke menangan ing balapan Bratan. Gawe mbuktikna yen Ryan iku paling juwara, dheweke nantang Diza, juwara tekan Buring. Diza tau ketemu Ryan, nanging ora tau omong-omongan. Diza ya ora eruh Ryan kenal dheweke apa ora.
Diza mlaku metu warung karo ngombe banyu botolan. Mandek pas ketok Ryan ana ing lapangan, ngadek ndek sebelah motore Diza. Diza mlayu menyang panggone Ryan lan motore. Ryan kayae durung sadar yen Diza marani dheweke.
“Eh! Awakmu wis teka ta,” jare Diza. Diza kaget ndelok opo sing lagi dilakoni Ryan: ngguyang motore nggawe sesuwatu sing Diza ora ngerti iku apa, nanging wernane ireng lan kenthel.
“Lho lho lho, Yan! Kok apakna motorku he! Awakmu arep curang yo!”
“L-lho awakmu sapa? Kok muring-muring? Ancene iki m-motormu a?” wangsule Ryan karo gagap.
“Aku Diza! Awakmu nantang balapan karo aku ndek kene. Saiki awakmu malah ngregedi motorku. Ora bisa balapan ngene iki!” Diza emosi.
“L-lho, ya s-sepurane, Pak! Aku ora eruh yen iki motore Diza. Lha diparkir n-ndek kene ya, takpikir uwong sing markir,” kandha Ryan.
“Ya jelas, Yan. AKU SING MARKIR!!!” Diza katon ora tahan maneh. Pingin rasane ngantemi pipine Ryan sing tembem iku.
“Bodo amat…”
Ah! Wis percuma ngomong karo Ryan. Diza sing mangkel langsung ninju pipine Ryan. Awake Ryan sing guedhe digepuki. Awake kalah gedhe karo Ryan, Diza ya ora bisa bela diri. Wong loro iku gulung-gulung ndek suket-suket amarga Ryan yo nglawan.
Ora bejo, Pak RW sing liwat nganggo motor marani bocah loro kuwi. Pak RW negur, nanging ora ana sing ngreken. Pak RW langsung nyekel tangane Ryan lan Diza banjur ditarik nang kanan lan kiwa, misahake bocah loro iku.
“Ana apa iki…?”
Ryan karo Diza ora ana sing gelem njawab.
“Lho Le? Awakmu dudu bocah kene ya?” takone Pak RW nang Ryan sawise ndelok wajahe Ryan.
“Mmboten Paaakk,” wangsule Ryan.
“Hmm kok gelut karepe dhewe ndek kene, karo putrane Pak-Lho Le? Awakmu sing saben bengi balapan ndek kene ya? Sing motore brisik kuwi?”
Diza ora ngomong opo-opo nanging Pak RW wis eruh jawabane.
“Awakmu diincer polisi lho Le.”
Diza ngangkat wajahe. Polisi? Diza ora eruh yen kegiyatane iku liar, nanging dheweke ora eruh yen polisi eruh.
“Le, untung sing mergoki awakmu aku. Piye yen wong liya,” sambung Pak RW. “Aku, Pak RW sing nglindhungi wargane, ora bakal nglaporna awakmu menyang polisi.”
Diza lega.
“Nanging ana biayane.”
***
Diza ana ing kamare. Dheweke nyawang langit-langit kamare sing werna putih, ana bekas-bekas bocore. Dheweke eling ibune sing nangisi dheweke, dhuwit sing dikumpulna bapak-ibune ludhes kanggo uang tutup mulut Pak RT, lan dheweke sing eruh niat ibune badhe DP omah anyar gawe kaluwargane.
Sore iki bapake mulih nyambut gawe nggawa sakresek daging pithik. Akhire kaluwargane bisa mangan enak, nanging Diza ngrusak suwasana mangan bareng kaluwarga cilik iku, suwasana sing dikangeni Diza tekan suwi.
Diza ora bisa apa-apa. Motore wis diloak. Dheweke ora duwe dhuwit. Ora ana pilihan nanging nyambut gawe maneh, mbenakake masa depan, ngrewangi bapak-ibune ngrumat kaluwarga cilik iki. Kaluwarga sing Diza sayang banget.

Nur Izzati Fatimah

Yovianda Valinaisyah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar