Kegiatan Nang Bantur

Pirang minggu kepungkur, arek SMAN 10 Malang ono kegiatan tengah semester nang Bantur, luwih tepat e Desa Durmo, amarga wajib aku karo konco-koncoku sekelas podo melok, pas budhal menyang desa konco-koncoku numpak truk tentara, lha aku, azis, karo gard.a, diterno numpak mobil pribadine garda.
                Dina pertama ing desa Durmo, aku karo konco-koncoku ora lapo-lapo, mung kenalan karo sing duwe omah, keliling-keliling ora jelas, karo mangan, mung ora ono kegiatan blas. pas bengine wayah istirahat, sani karo bagas dulin nang omahe pak Timbul, yo iku omah sing ditinggali karo kelompok liyane.
                Dina selanjute, ono kegiatan ngewangi wong sing nduwe omah, tapi amarga nggen kerjone pak Ponimin adoh lan ora ono kendaraan sing cukup, aku karo kelompokku ora ono kerjoan maneh, dadi mek turu-turu, mangan, mlaku-mlaku nang sumber, nggen sumber e apik tenan, tapi ora iso foto amarga ora oleh nggowo HP, ngganggu kerjoan kelompok liyane, mbantu kerjoan kelompok liyane, lsp.
pas bengi wayah istirahat, aku karo konco-koncoku ora iso dulin amarga listrik e dipateni karo panitia, amarga arek-arek ndang turu.
                Dina terakhir, arek-arek dikongkon tangi jam 2 isuk amarga ono Kegiatan "Mata Hati", isi kegiatane wong ceramah karo bengok-bengok gak jelas, sakjane mung nggarai arek-arek kebuka mata hatine, tapi arek-arek isih podo ngantuk, dadi akeh sing turu maneh ing tengah lapangan.
                sak marine kegiatan mata hati, aku, faruq karo garda mlaku-mlaku nang desa sebelah, soale wis yakin lek ora ono kegiatan maneh koyok wingi-wingi, mung wes rodo awan, aku mbalek nang omahe pak ponimin, langsung dikongkon siap-siap gawe Out Bond.
singkat kata, Out Bond e ora jelas pisan, mung mlaku adoh gawe ngobong sampah.
sak marine Out Bond, arek-arek dikongkon siap siap mulih, bari pamitan lan basa-basi, Jemputane teko, trus aku karo konco-koncoku mbalik numpak truk tentara.


Aleandro Ferdiansyah Putra/04
Muaz Al Haris

Tidak ada komentar:

Posting Komentar