Kisah Singkat Gabby Dan Ryah

Ana kembang Bratan RT 4 jenenge Carissa Gabby awake (semlohai) jan sip tenan, rambute dowo smoothingan tapi rambute wes kate mbalik, nganggo kacamata, dheweke isinan nanging sakjane ngisin-ngisini, dheweke ramah nang sopo wae.
Ing sawijining dina, ana arek nang kelase, awake gagah prakosa, gedhe, lan subur makmur jenenge Ryan Hibatullah. Ryan wes suwe kesemsem karo Gabby nanging Gabby sek durung peka. Ryan wes nglakoake akeh cara supaya Gabby nggatekake dheweke kayata nukokno coklat, cimory, susu, lan liyane. Nanging Gabby pancet ora peka.
Amarga Gabby ora peka – peka, akhire Ryan crita nang kanca cedhak e Gabby, “Sakjane aku iki tresna karo Gabby nanging aku ora eruh carane supaya Gabby iso eruh rasa tresna sing tak rasakno marang Gabby” jare Ryan. “Ora usah bingung ngono Yan, ben aku wae sing ngomong nang Gabby yen awakmu iki seneng marang Gabby” jare konco cedheke Gabby jenenge Aji. Gak suwe Gabby teko, Aji langsung ngedangi, sing nggarakno Gabby mencolot kaget kaya mengkono uga Aji melok mencolot pisan,terus bocah loro kuwi padha pencolotan bareng – bareng nganti kesel, Ryan sing mung ndeloki arek loro kuwi pencolotan dheweke maleh melok pencolotan pisan. “Iki ana apa ta rek kok awakdewe padha pencolotan ? Aku nganti keringetan lho” takone Gabby. “Aku kaget ndelok awakmu mencolot dadine aku melok i awakmu pencolotan pisan” jawabe Aji. “Lha kuwi Ryan lapo kok ketoke ngos – ngosan ?” Gabby bingung ndelok tingkahe Ryan. “Yan, awakmu mari lapo kok ngos – ngosan ngono ?” takone Aji marang Ryan. “Aku mari pencolotan Ji itung – itung olahraga” “Sak karepmu wes Yan” jare Aji ora peduli. “Dadi ono opo to iki? Kaet maeng aku takon kok ora dijawab jawab” jare Gabby rada mangkel, “Oiyoo, dadi ngene gab, ryan iku...” “sek sek ji, aku isin” pedot Ryan ngalem marang Aji. “Isin lapo maneeeh” Aji ambegan gedhe, Ryan mayunake lambene, Gabby lan Aji seng ndeleng dadi keweden kaya ndelok buto kemayu “Yo wes rana nang pojokan entenono aku” jare Aji karo nduding pojokan kelas. Karo kuwatir Ryan mlaku nang pojokan kelas. Sak wise iku  Aji ngomongne rasa tresnane Ryan seng ora bisa dibendung maneh marang Gabby, krungu iku Gabby mek iso mesem pait. Gak suwe Ryan ndeleng Aji mlaku nang arahe “Piye Jiii?” takon Ryan kesemsem, “Awakmu kudu luweh perhatian maneh marang Gabby” “Maksudte? Mboh wes seng penting Gabby ngerti lek aku seneng dheweke, dheweke pasti yo seneng karo aku, yowes Ji ancen awakmu iki top markotop! jos gandos!”.
Dina dina sak wise, Ryan mesti nyusul balik ngeterno Gabby sekolah lan wajib ngekeake kembang 7 rupa yaiku mawar abang, mawar putih, melati, kamboja, matahari, lili, teratai, ben isuk marang Gabby. Ryan wes nganggep Gabby pacare dewe, saben bengi Ryan ora tau absen ngapeli Gabby, nganti sak wijinig dina Ryan krungu yen Gabby duwe pacar, atine ryan kaya disamber bledek gak nyongko Carrisa Gabby kembang Bratan RT 4 tiang estri seng paling di tresnani duwe lanangan sakliyane dheweke, pirang pirang dina Ryan galau ora gelem mlebu sekolah, dhahar ora doyan, turu ora penak, lan gelek nglamun. Amarga Ryan suwe ora mlebu sekolah Aji kuwatir, akhire ngejak Gabby gawe ngendangi Ryan.
Ryan krungu bel omahe muni lan suara ibune nimbali “Yan cah ganteng ana kancamu iku ing ngarep” “Inggih umii” wangsulane Ryan, karo mlaku wegah - wegahan Ryan menyang ngarep omah. Ryan kaget ora karu karuan ndeleng Gabby ana ing ngarepe. Gabby mringis “Yan? Awakmu iki opo o kok ora mlebu sekolah pirang pirang dina iki?” takon Gabby sambi ndeleng lan nyekeli awake Ryan seng nggarai atine Ryan bunga, “O,o,orapopo Gab mek rada gak e e enak a a awak” wangsule Ryan karo ati sing ndredeg “Duhallahh Yan awakmu iki gak mlebu suwe, nggarai Gabby kangen, dheweke takon takon awakmu terus” gudo Aji sing nggarai atine Ryan jedag jedug kaya ana wong nabuh kendangan lan praupane abang mbranang, Gabby mesem wae nanggepi omongane Aji. “Melbu sek rek” jare Ryan ngajak kanca kancane “Gak peduli Gabby duwe pacar opo gak pokoke tresnaku marang Gabby suci lan ora ana sing bisa ngalahake, iso ae amarga tresnaku iki, Gabby tresna pisan marang aku” batine Ryan seneng
Rituale Ryan sing sak durung durunge dilakoni maneh yaiku sing ben isuk ngekeki kembang, yen bengi ngapeli, nanging bengi iki bedo cuacane mendung mendung kate udan ditambahi Gabby ketok bingung ndeleng Ryan. “Ana opo to Gabbyku sing paling ayu iki kok koyoke akeh pikiran?” takon Ryan. Gabby njupuk ambegan jero - jero “Ngene Yan, sakjane akeh omongan wong wong tentang awakdewe sing jarene aku cedek ambek awakmu amarga alasan alasan sing elek lan gak bener” jelase Gabby. “Halaah gak usah dirungone Gab” jare Ryan karo njiwit pipine Gabby gemes, sing nggarakno Gabby mundurno awake amargo risih. “Ojo ngunu Yan, aku iki wes duwe pacar, ojo ngarep nemen marang aku, aku gak pingin wong wong mikir aneh aneh tentang awakdewe, aku gak tau nganggep awakmu iki luwih tekan kanca Yan, ngertio tala” tegese Gabby, Ryan kaget ora karuan krungu omongane Gabby “Lah?! Tak pikir awak dewe iki wes pacaran, opo usahaku sak suwe iki kurang ta Gab? Awakmu njaluk opo se? Tak turuti kabeh gelemmu Gab, opo kurangku gawe awakmu?” takon Ryan disambi munine bledek lan banyu udan “Sepurane Yan, sek akeh arek wedok sing luwih pantes gawe awakmu” langsung mlaku melbu omah ninggalne Ryan sing nunduk lesu nrima kenyataan pait iki.
Dina dina sakwise kedadean iku Ryan wes biasa marang Gabby, saya suwe Ryan akeh ngerawat awake, lan dadi ganteng kaya Edward ing film Twilight. Gabby sing akeh masalah bendina karo pacare wiwitan ngelirik Ryan seng perubahane drastis, gak suwe ana kabar yen Gabby putus karo pacare lan mulai nyedeki Ryan maneh. “Yan awakmu kok tambah ngganteng ngene Yan?” gudo Gabby, Ryan meneng wae, “Yaaaann!!!! Krungu gak se awakmu iki?!?!”bengok Gabby karo nggoyang - nggoyangake awake Ryan. “Ana opo to  Gab?” takon Ryan males sambi nyopot earphone, Ryan ndeleng layar Hp ana telpon mlebu “Sek, sek gab. Hallo? Sayang? Inggih mangke mulih sekolah, nggih, nggih..” Ryan njawab telpon teko pacare sambi mlaku ngalih teko Gabby. “Yaaan!! Aku tresnaa karo awakmuu!!!” bengok Gabby seng nggarai arek arek sak kelas noleh marang Ryan lan Gabby. Ryan nanggepi karo noleh sedilut langsung ngalih, kabeh arek ing kelas pada ngguyui Gabby, praupane Gabby abang ora karu karuan amarga isin, dheweke langsung mlayu metu kelas amarga isin ora direken karo Ryan

AGUSTINA AJENG T.S (02)
NABYLA ASNAN (22)

XII IIS 1

Tidak ada komentar:

Posting Komentar