50k


2 taun kepungkur, onok arek jenenge Henri iku ditukokno sepeda Satria FU. Henri seneng banget amarga arek e iso lunga nang ndi-ndi, ibune yo ora ngelarang, ben Henri seneng. Henri iki arek e sombong. dadi, satria ne dipamerno menyang kanca-kancane.
"Rekk! iki lho FU ku! Apik kan!"
"wih iyo on"
kanca kanca ne podo kaget ndelok FU ne Henri. Akhir e sak sekolah ngerti, lek Henri duwe Satria FU sing model anyar, sampek guru-guru ne yo eruh. Henri langsung sumringah.
Ing sawijining dina, Henri diajak kanca ne ketemuan ndek Daerah Velodrom, ngarep e taksi Bima jam 3 sore. Amarga sregep, henri tekan jam 2. Arek e pingin mejeng dhisik ndek kono.
"Wih sepeda ku apik pisann"
Tekan mburi, onok preman sing ndelok i Henri.
"Sepeda e ketoke apik, Tak begal ah!" Preman iku langsung mlayu nang Henri
"Sugeng siang mas!" Preman iku takon
"oh, ono opo mas?" jawab henri kaget
"Mas, aku iki bingung, pingin nyusul bojo ku nang daerah dispenduk. Mas e iso gak ngeterno aku mrono?" Curhat preman iu
"waduh mas, kancaku sik ate mrene, Aku wedi kancaku ngamuk lek aku gak ndek kene jam 3" jawab henri mbek ndelok jam
"Hmm, yowis mas, oleh gak sepeda ne tak selang ae wes. Ben kanca ne sampeyan ora ngamuk"
Henri mikir, mikir, lan mikir... Akhire
"Oke mas, silih en wes"
"Lho sumpah mas?! Suwun lhooo!" Preman iku langsung nyaut tangan e Henri lan disungkemi
"Butuh STNK pisan a? kan ndek kono akeh polisi"
"Iyo mas, butuh,butuh!iki tak kek'i duit 50 ewu gawe jaminan e" Preman iku kesenengen
"Oke"
Henri langsung njupuk STNK ne ndek dompet e, lan dikekno nang preman iku
"Suwun mass, tak selang sik yo"
"Oke, Safetrip mas" jawabe Henri karo mesem

15 menit.....
kancane Henri jenenge Arya teko nang Velodrom
"Hen!" bengok Arya
"Oh iyo ya" Henri banjur langsung marani Arya
"lho ndi sepedamu?" Arya bingung amarga sepedane henri ilang raonok kabar
Henri langsung nyeritakno sing dilakokno mang,,,
akhir e Arya mek iso ngelus atine, lan ngomong
"Hen, awakmu di begal mbek preman"
Henri mikir sek 15 menit
.
.
.
.
.
.
.
.
Langsung areke pingsan, banjur ditinggal mulih karo Arya amarga kaboten awak

Ahmad Yusron Abdillah
Vitus Ben Fiandy Samodra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar