Tiyang

Halo, lur! Asmaku Femiliani, aku sekolah ing  SMAN 10 Malang. Aku di paringi Sing Maha Kuwoso wajah ayu, kulit putih koyok artis-artis, lan rambut dowo. Aku saiki lungguh ing kelas 12 jurusan IPS. Kanca-kancaku podo nyeluk “tacik” amarga aku putih lan sipit podo karo wong cino.
Isuk iki koyok biasane aku budal sekolah mbarengi kancaku, Lala. Banjur wes ndek sekolah, Tina nemoni aku arepe ngekeki duwit tuku album artis seng di senengi areke supaya aku ngirimno duwit e ning bank (tuku online). Aku nyimpen duwite ning tas biruku bagian ngarep. Aku akhire aktivitas sekolah koyok biasane.
KRIIINGGG!!!
“akhire bel mulih, wenak e”, batinku. Aku siap-siap mulih lan langsung njupuk sepeda ing parkiran sekolahku. Aku wes mbayangno bakal tuku album bareng si Tina. Opo maneh artis senenganku karo  Tina. Hihihi
TINGTONG!!
“mamaaaaaa”
“aduh putraku iki rek, wes mulih”
“maaa, aku terno ning bank toh, ngirim duwit. Aku karo kancaku badene tumbas album e exo.”
“yowis nak, aduso disik mangano disik, banjur mama ngeterno”
Wuuhhh!!! Aku ganti baju lan ngetokno buku sing dino iki.
“lahdalah”
Duwite nandi?
Aku nggolek ing tas ngarepku, kabeh slerekan tapi mboten enten. Aku meriksa ing seragamku barang ambek gupuh. GAONOK!
Aku nangis….
Aku telfon Tina nakokno opo dewek e njupuk duwite maneh.
Jare Tina ora.
“mati akuu!!!”
“FEEEEMMMM”
Mamaku melbu ing kamarku nakokno opo o kok aku nangis.
“duwite ilang ma…”
Akhire mamaku ngomeli aku lan nenangno mesisan.
“wes, takokno nang kanca-kancamu sek besuk”

Menene, aku tangi karo mripatku gaiso melek amarga bari nangis sewengi. Nde sekolah aku langsung takok nang kanca-kancaku, tapi kancaku yo ora ngerti. Aku sadar aku ora bias jaga duwite, mugi-mugi ora onok maneh kedadean koyok ngene.

Faradilla Risky
Dwita S

Tidak ada komentar:

Posting Komentar