Aku marshall, aku
arek sma 10 kelas 3,aku lan sakeluarga iku seneng liburan.ngentekno waktu
bareng, gk jarng aku liburan ambek keluargaku. Aku iku arek seng seneng dolan.kadang ku yo sumpek ndk omah,opo
maneh karo uwong seng njogo rental ps ndk sebelah omah.
Prei semester
wingi aku kaliyan sekeluarga plesiran ning Yogyakarta. Propinsi istimewa iki
duwe akeh obyek wisata sing apik banget. Mulai soko obyek laut, gunung,
sejarah, candi, lan pirang-pirang liane. Pas prei semesteran iku, aku dulan
ning Malioboro.
Budal numpak
Paramex, aku, ibu, bapak, mas, karo mbak mudun ning Stasiun Tugu mangkat soko
stasiun kota lama,Malang. Lumayan cuepet numpak sepur sekitar 4 jam setengah.
Ora kroso reti-reti wes tekan Yogya. Soko Stasiun Tugu gari mlaku ngetan sitik
juk ngidul uwes tekan Malioboro.
Sepanjang dalan
Malioboro akeh banget bakul kaki lima. Para bakul sing dodolan iku jajakke
beragam produk mulai kerjainan, sandangan, nganti panganan. Aku bingung ameh
pilih sing ndi tur regane murah-murah bingit. Sopo seng ora kepengen tuku.
Bapak tuku
sandal, ibu tuku daster, mbak tuku kaos, mas tuku sabuk. La aku sakjane Iku pingin
tuku daster,tapi ambe ibuk ora oleh, aku nangis ndek pojok wc umum amargo gak di olehi tuku daster ,Mlenga mlengo karo
mberebes mili akhire aku milih tuku
sandal wae. Itung-itung sandalku wes ameh jebat mumpung regane murah tur iso
dinyang tak sikat wae.
Sandale regane 40
ewu tapi iso tak nyang 45 ewu. Murah tenan,uapeek pisan tur iki asli made in Jogja hahaha. Ora kroso
waktune wes ameh sore juk aku kaliyan sekeluarga bubaran lan mlakuneh neh
Stasiun Tugu. Terus tuku tiket lan balik ning
Malang maneh. Seneng tenan dino iku.
Meski mung sidono
ora utuh mergo aku mangkate wes rodo awan, aku seneng banget. Sak ora orane
balik Malang wes gowo oleh-oleh. Bakpia, gethuk, gudeg, dan lain lain sing ameh
tak caoske simbah. Mayan oleh gratis sandal lan panganan , plus jalan-jalan ke
kota pelajar masio aku ora di olehi tuku daster.
XII IPS 1 SMA Negeri 10 Malang
Navyndra Djala Putra
Risky Rivio R.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar