Mitha Gatu Abriyanti
Lan
Nazaria Nevayanti
Nyembahake...
Burger ing Wayah Udan
Terinspirasi lan didramatisasi (sak alay-alay’e lan sak geje-gejene) saka crita sing bener anane
***
BARANG sing reged iku kudu dibuang ben lingkungan ing sekitare bisa resik. Iya apa ora?
Ing SMAN 10 Malang Kampus I, salah sijine sekolah favorit sing panggene cedhak Pasar Sawojajar iki ana siji kelas sing dianggep reged karo guru-guru lan murid-murid liyane, yaiku kelas XI IPS 1. Iku siji-sijine kelas IPS ing angkatan 2014/2015. Akeh wong sing ndeleh pangarepe ing pundhake para siswa IPS, tapi pungkasane getun dhewe amarga kelas iki ora bisa diandelno.
Termasuk aku.
Aku pancen salah sijine siswa ing kelas IPS iki, tapi ora berarti aku wuta marang cacade kelasku dhewe. Telung tahun aku ana ing kene, telung tahun aku gabung karo bocah-bocah kene, aku pancet ora bisa paham karo kelakuane—rata-rata—arek-arek ndek kene. Aku ora bakal nyebut jeneng, amarga kabeh padha bae.
Salah sijine sing aku paling ora seneng ing arek IPS kene yaiku sifate sing jarang—ralat, blas ora bisa ngregani wong liya (ora kabeh arek ngono se, tapi siji salah, kabeh melu kena, toh?). Aku ngerti, pancen ana wong sing ora bisa lan ora perlu mbok regani ing dunya iki, tapi mung wong-wong tertentu bae. Yen pancen wong iku nggregetno setengah urip—contohe guru PKWU (aku buka-bukaan ae ya) sing kerjane menehi tugas tapi ora tahu nerangna pelajaran—, sah-sah bae yen kowe ora nduweni respek marang wong kuwi. Tapi yen guru sing sabar digarai ambek cangkem sing kakehan omong? Terus yen kowe lan kancamu sing pengurus kelas nyoba ngelingno tapi malah diilokno?
Rasane kaya kudu ngaplok nganggo kulit duren.
Alah, timbang omonganku tambah ora karuan, mending langsung tak kenalno kowe kabeh marang kancaku. Jenenge Denok. Dheweke salah siji arek sing kurang diregani ing kelasku amarga akeh sing ngganggep dheweke aneh. Lek jareku, Denok iki ora aneh se. Denok iki unik. Maksudku, sesering apa awakmu nemu wong sing sirahe obah-obah kaya pithik pas ujian? Maneh, Denok iki luwih tuwa tinimbang aku, tapi dheweke kelewat polos. Wektu sing liyane pada bahasi bokep (astaghfirullah) lan basa-basa ambigu sing sering diomongke karo arek lanang, dheweke malah takon, “Bokep iku apa?”
Duh Gusti Pangeran, paringana hamba sabar.
Nah, ing sawijining dina, kelasku iki ana latian kanggo pagelaran drama ing omahe Vitus si ketua kelas. Ketepakan, dina iki udan. Pancen ora deres, ning cukup marai kabeh katisen. Kabeh pada mager alias males gerak, miturut basa kekinian.
Tapi sing jenenge mager iki ora bisa marai niat jail’e arek-arek mandeg. Pas jarum jam mandeg ing angka telu, ana bakul burger lewat. Swarane banter ngalah-ngalahi udan.
“Burger... burger! Burger anget, burger!”
“Pak, burger pak!” aku ora eling iku swarane sapa, tapi aku ngira si bakul burger mandeg ing ngarep omahe Vitus.
“Mboten pak, mboten!” ora let suwe arek-arek lanang sing jail mau pada ribut dhewe.
“Mboten pak... mboten!”
“He yaopo iki, aku ora nggawa dhuwit!”
“La ya embuh koen, sing nyeluk mau sapa?!”
“Temenan iki aku ora duwe dhuwit!” salah siji arek lanang mau kaya kudu nangis. Arek wedok sing ana kene ya meneng ae, wong pancen dudu urusane. Ya, kadang kelas sing ora kompak iki nggawa keuntungane dhewe.
Ora let suwe, ibune Vitus inceng-inceng ing lawang. “Sapa iku disusul?”
Kabeh padha toleh-tolehan pas Denok nyaut karo ndelok hapene, “Oh, niku bapak kula, Bu.” Dheweke banjur pamitan lan mudhun menyang teras, dene arek-arek lanang njegideg karo kisinan.
Sing celuk-celuk iku mau sakjane bapake Denok, dudu bakul burger sing arep protes. Bapake Denok wis seru bengok-bengok, “Denok, Denok!” tapi pancen dasare koplak, arek-arek lanang sing kadung keweden karo bakul burger malah nyaut, “Mboten pak, mboten!”
Oalah, kucluk kok dipiara.
Denok mulih. Swasanane tambah sepi, amarga biasane yen ngumpul iki kabeh padha nggojloki Denok. Kabeh padha lega amarga bakul burger mau koyoke ora ngreken tingkah polah jail’e arek-arek lanang.
“Aku tak mudhun sek ya,” Vitus banjur mudhun menyang lantai siji. Kurang maneh siji arek.
Sepuluh menit sawise iku, arek-arek banjur ringkes-ringkes, siap-siap arep mulih amarga udane wis terang. Pas awakdhewe arep mudhun, dumadakan ana swara kaya lawang didobrak saka ngisor. Saking kagete, awakdhewe mung bisa meneng njegideg ing undak-undakan. Lan tambah kaget maneh pas wong sing ndobrak lawang iku mau ya si bakul burger!
Wajahe abang, katon yen dheweke saiki lagi emosi. Ambegane abot. Mripate sing tajem mentelengi wajah awakdhewe siji-siji. Mulute komat-kamit, aku ora ngerti dheweke ngomong apa. Bakul burger iku mau ngangkat tangane, lan ing tangane ana kapak sing katon mengkilat kena cahaya lampu.
“ASU!” aku ora eling sapa sing mbengok ora sopan kaya ngono—eh, tapi iki keadaane gawat, dadi sopan santun ora penting, kan?—, tapi ora perlu dikomando, awakdhewe kabeh padha mlayu mbalik nang lantai 2. Aku sing keri dhewe. Bakul burger gendheng iku ana pas ning mburiku, kapake disabet-sabetno ning kabeh arah.
Aku ora bakal nyritakake nganggo detail. Aku weruh kowe kabeh ora seneng adegan getih-getihan sadis, ora kaya aku, dadi aku yakin kowe bakal mutah utawa ora kolu mangan yen tak jabarne. Maneh, iki cerpen, ora usah dawa-dawa, kan? Intine, sikile si A puthul, si B gulune suwek, si C ora duwe tangan maneh, si D kelangan mripat, lan liyan-liyane. Tragis, yen jarene tukang gosip ing TV.
Ing sakedheping mata, panggen sing sakdurunge dadi panggen latian lan guyonan iki berubah dadi panggen sing kebak karo getih.
Mayat-mayat gelimpangan ora karuan. Tembok sing kudune werna putih saiki ketambahan cat abang. Ambune anyir marai mual. Sing isih sisa mung aku, Mitha, Yovi, lan Chacha.
Bakul burger iku ndeleng pas nang aku. Karo ambegan sing isih siji-loro, dheweke mlangkah nyedhek nang aku. Dheweke wis siap-siap ngayun kapake, nargetke sirahku.
“Ojo goblok.”
Bakul burger iku mandeg. Kapake diuncalno nang tekel, marai tekele pecah. Ora mung semono, dheweke banjur nglenteki kulit sintetis tipis sing nemplek ing wajahe lan nyepot wig lan topine.
Vitus.
“Tak pikir kowe wedi,” dheweke manyun amarga rencanane meden-medeni gagal.
“Lha mbok pikir aku bodho? Awakdhewe sing ngrencanakake iki kabeh, tho?” Mitha nyaut.
“Ora mungkin kowe mateni awakdhewe. Sopo maneh sing arep dadi kancamu yen kene mati?” tambah Yovi.
Vitus mecucu. “Kurang ajar!”
“Wis, rasah tukaran,” swarane Chacha nyela, “arep dikapakne mayat-mayat iki?”
Mitha-Yovi delok-delokan, Vitus meneng. Aku ngangkat pundhak, “Sakarepmu. Gawe bahan burger ya bisa—eh, tapi ojo se. Dosa.”
“Ayo ndang diringkesi, wes. Sakjam maneh ibuku mulih!” Vitus banjur mudhun njupuk kantong-kantong sing wis dicepakake.
Ora let suwe Denok mlebu. “Wis mari ta?”
“Lha ketoke yaopo?” temenan, aku ora maksud dadi arek megelno utawa apa, tapi ya ancen ngono kuwi caraku njawab pitakone wong. Mung maksud guyon tok.
Denok mencep. “Ya wis, sing penting wis beres kabeh, tho? Awakdhewe bisa nrima murid anyar maneh gawe ngganteni sing iki.”
Ya, sejatine ya iki awakdhewe. Denok iki sing nduweni sekolah, lan aku, Vitus, Chacha, Mitha, lan Yovi iki sing bagian ngrewangi. Ora ana sing weruh sapa sakjane awkadhewe kecuali guru-guru sekolah. Denok iki wis kesel diprotes guru-guru amarga solahe arek-arek sing ora karuan. Saka kono iku Denok ngongkon awakdhewe ‘ngresiki reged’ ing kelas ben bisa apik. Lan calon-calon penggantine iki wis lolos tes, kabeh apik-apik.
Amarga, pancen dasare reged iku kudu diresiki, ora penting yaopo carane. Bener tho?
***

Tidak ada komentar:
Posting Komentar