Kelas 12 mung lagi ngelakoni Ujian Nasional, aku sing sik kelas 11 duwe rencana karo konco-koncoku yen arep preian menyang Banyuwangi. Aku lan konco-koncoku wis nabung nganti duwite nglumpuk lan cukup gawe budhal menyang Banyuwangi.
Aku karo koncoku budhal dina minggu bengi supaya tekan Banyuwangi pas dina senin lan langsung mlaku-mlaku nang objek wisata ing Banyuwangi. Ing dalan, koncoku sing jenenge Marshall mabuk amarga ora tau perjalanan adoh. Dheweke mung mangan lan langsung muntah. Yen ndelok rupane Marshall kadang mesakne kadang lucu amarga areke sing mbethik.
Dina Senin isuk aku langsung sarapan ing Banyuwangi lan lanjut menyang Pulau Merah. Ing kene pantaine apik lan resik. Kanca-kancaku podo dulinan banyu pantai lan renang ngelawan ombak. Lagi-lagi Marshall sing apes. Dheweke disengat ubur-ubur amarga renang nang tengah laut. Nanging untung Mrashall kuat, sing mati malah ubur-ubure.
Sakwise tekan Pulau Merah iki, aku menyang Pantai Mustika. Ing kene aku lan kanca-kanca mung foto-foto wae. Tekan pantai mustika iki, aku lanjut perjalanan menyang Teluk Ijo. Aku lan kanca-kanca sing numpak mobil keweden amarga dalane mung liwat alas lan watu-watuan. Perjalanan menyang Rajegwesi iki ana 3 jam an, sakwise iku baru nyebrang nang Teluk Ijo. Ing tengah laut, amarga ombak pantai kidul sing gede, kapal sing nggawa aku lan kancaku kelelep. Nanging kabeh selamet amarga padha digendong karo Marshall. Masio mung kelelep, aku lan kanca-kancaku pancet seneng amarga pemandangan ing Teluk Ijo apik banget. Tekan Teluk Ijo balik nang Rajegwesi, aku nunut marang kapal luwih gede seng liyane. Sakwise teka nang Rajegwesi, aku lan kanca-kanca langsung adus, ganti klambi lan cepet cepet munggah montor amarga wis sore.
Ing tengah perjalanan, aku lan kanca-kancaku kesasar. Marshall mung kendel bocahe. Dheweke takon-takon karo wong sing omahe diliwati. Akhire aku lan kanca-kancaku tekan ing dalan utama antar kutha. Kene mung seneng bangert lan langsung mulih menyang Malang amarga wis ora duwe dhuwit maneh.
Afrizal Fahrul Sani/01
Otniel Farano/27
Tidak ada komentar:
Posting Komentar